Manunggaling Kawula Lan Gusti : Antara Sembah Raga Lan Sembah Rasa

Padepokan welas asih mengadakan dopokan kawruh spiritual Jawa, pada hari Rabu 11/ 6/2025 di posko PANI jl veteran pintu kereta pasir Muncang Purwokerto barat Banyumas.
Moderator acara ketua Pani ( pasukan adat Nusantara Indonesia ) Banyumas , menghadirkan Sebagai narasumber tunggal GUS MUJAB ketua Dewan pimpinan cabang LSM Harimau .
Rahayu Rahayu ! GUS MUJAB Menyampaikan Uraian wejangan spiritual ana sawijining puncak rasa kang suci lan ora bisa ditempuh kanthi akal piyambakan , yaiku manunggaling kawula lan Gusti. Piwulang iki dudu sekadar filsafat, nanging minangka pengalaman batin kang lembut, jero, lan sarwa sepi.
Gusti ing kéné ora mung dimangertèni minangka pribadi ing njaba, nanging Sumber Urip kang nresnani lan nyukupi sakèhing titah, kang sejatiné wis ana ing sajroning saben makhluk. Manunggal ora ateges nyawiji fisik, nanging nyawiji rasa, nyawiji roso, nyawiji urip.
Sembah Raga: Ngalap Saka Tindak, Tata, lan Tundhuk. Sembah raga minangka tangga sepisanan kang ngasilaké rasa dedonga, rasa sembah bebarengan karo badan. Iku kalebu:
Sembah bekti marang laku, aturan, unggah-ungguh. Nyembah nganggo gerakan, tumindak kang resik. Nglakoni laku kanthi puasa, tapa, lan tumindak utama. Sembah raga iku medhar rasa syukur liwat jasmani, ngatur urip kanthi tata, disiplin, lan kesadaran lahiriah.
Nanging wong sepuh Jawa ora mung netepi laku lahir, amarga ana laku luwih jero…
Sembah Rasa: Ngrasakake Anané Gusti ing Sajroning Urip. Sembah rasa iku laku batin, kang ora katon, nanging krasa. Ora ana dhaharan khusus, ora ana ritual rumit. Nanging ana:
Eling lan waspada saben napas.Ngrasakake pituduh Gusti saka rasa kang alus.Sambung rasa marang alam lan sesami.Iki sembah tanpa gerakan, sembah tanpa tembung. Sembah rasa punika ngresiki batin saka pamrih, mbukak krenteg jero kang nyambung karo Sumber Suci. Wong kang sembah rasa ora pamer, ora ngajari, nanging mung ana, lan saka "ana" kuwi, rahayu nyebar.
Manunggaling Kawula lan Gusti: Dudu Patemon, Nanging Eling Manunggal ora digayuh kanthi nyepatani Gusti mlebu awak, nanging eling yen sejatiné Gusti tansah ana. Nalika manungsa bisa ngresiki rasa, nyandhak roso, lan ngilangi sekat-sekat ego, Gusti ora perlu digoleki: Gusti wis ana.
Kados pethuk banyu kali lan banyu banyu udan: loro pisan, nanging isih banyu. Gusti lan kawula ora pisah, mung kabut nepsu sing nglindhungi rasa manunggal kuwi
Laku Sembah: Antara Ngayahi lan Ngrasakake urip kang nyambung karo Gusti ora mung urip kang rajin sembahyang, nanging urip kang eling lan waspada, tresna tanpa pamrih, narima tanpa protes, lan sepi ing pamrih rame ing gawe.
Sembah raga iku pondhasané. Sembah rasa iku puncaké. Yen kaloroné bisa dilakoni kanthi tulus, nalika kuwi manunggaling kawula lan Gusti ora mung dadi piwulang, nanging dadi kasunyatan batin kang ngreksa urip kanthi kawelasan Tegas Gus MUJAB (tim PANI / ROH)